Cak Kandar, Ora Manut Isme-Isme


EKSPRESIONISME - Pelukis Cak Kandar menyelesaikan lukisan ekspresionisme, di Taman Dayu Pandaan Kabupaten Pasuruan, Jatim, Sabtu (1/5). Cak Kandar yang berkolaborasi dengan Taman Dayu menggelar pameran bertajuk ”Natural Living in Taman Dayu”. Cak Kandar yang dikenal sebagai Perupa Bulu, kali ini unjuk kebolehan dalam seni rupa cat minyak diatas akrilik. Pameran lukisan untuk memperingati ulang tahun ke-9 Taman Dayu itu akan berlangsung tanggal 2-12 Mei di Club House The Taman Dayu.
(Foto: Antara/Str-Musyawir)

Apa sesambungane pelukis karo pasien rumah sakit jiwa? Mbokmanawa sabrebetan pancen ora ana. Mung wae, ana panemu kang ndeleng saka sudut ilmu psikologi, “seni” bisa digunakake minangka salah sijine “terapi penyembuhan”. Kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana.Ditakoni alasane, Cak Kandar mangsuli karo gumuyu:

“Sejatine aku ora ngajari, ning aku blajar bareng. Ing kene aku sengaja nyoba mbuwang rasionalitas sing ana utekku iki lan lumebu ing wilayah rasa, lan jiwa. Dene menawa ana penganggep seni bisa kanggo terapi penyembuhan, iku wilayahe dokter jiwa. Ing kene aku wis mbukak kerjasama kang ing tembe bisa diterusake seniman-seniman liyane,” ngono kandhane .

Manut pelukis sing tansah menganggo klambi sarwa putih iku, jaman saiki pancen mujudake jaman sing dikebaki wong-wong stress utawa gendheng.

“Sing gendheng kuwi sejatine ora mung wong sing ana rumah sakit jiwa wae. Koruptor, penyelundup, kang nindakake illegal logging, lan pelaku tindak kriminal sing gedhe-gedhe kae iya kalebu wong gendheng. Wong-wong kuwi gendhenge malah nemen sebab ngrugekake wong akeh tur mbebayani banget,” kandhane diplomatis.

Diakoni apa ora, kang ditindakake Cak Kandar iki saliyane kanggo pribadine dhewe iya kanggo kepentingan keilmuan. Minangka seniman dheweke mbuktekake bener orane seni iku bisa kanggo penyembuhan.

“Pasien RSJ iku rata-rata kabeh ‘stress’. Yen digabungake karo seni, sakagurune seni iku rak ‘kebebasan mutlak’. Sejatine sapa wae bisa nglukis, lan sing jeneng salah iku ora ana. Dadi, lumantar belajar nglukis iki pangajabku pasien bisa ngetokake kabeh uneg-unege kanthi sak bebas-bebase,” Cak Kandar menehi alasan.

Ora nggumunake nalika acara nglukis bareng ing RSJ Menur iku swasanane malih regeng. Rata-rata para pasien katon seneng, ana sing nggambar kembang, ana sing nggambar abstrak. Apa maneh nalika diwenehi biji 80, senenge ora jamak, malah ana sing jingkrak-jingkrak kaya bocah cilik. Mung ana pasien siji sing ora gelem, yaiku Mila Rosa, sawijining pasien anyar sing sawetara wektu kepungkur gawe pengeram-eram nglakokake sepur mundur saka Bangil tekan Surabaya.

Nanggapi gagasan program melukis tumrap pasien rumah sakit jiwa iki, dr. Nugroho ES SpKJ, direktur RSJ Menur, nganggep positif lan mbiji yen menarik banget. “Iki positif banget lan gedhe banget manfaate tumrap pasien. Dak ajab program iki bisa diterusake,” ngendikane.

KREATIFITASE ORA MANDHEG

Cak Kandar mujudake salah sijine seniman kang sugih akal kanggo golek trobosan anyar. Gagasan-gagasane nyleneh lan kadhang ana sing nganggep kontroversial. Dheweke tau nganakake pameran lukisan ing Rumah Sakit Darmo, sing sasuwene iki dianggep ora umum. Ora kaya sing dipajang ing galeri. Nyatane pamerane Cak Kandar sing nyempal saka kalumrahan iki malah mbukak wilayah-wilayah anyar tumrap apresiasi seni, mesisan uga mbukak pasar anyar.

“Mungsuh sing dadi momok tumrap seniman iku mandhege kreativitas,” ngono komentare.

Priya sing lair ing rumah sakit Simpang Surabaya (saiki dadi Plaza Surabaya) dhek 17 Agustus 1948 iki ing dekade taun 1980-an kondhang minangka pelukis bulu. Nalika pameran ing Hotel Mojopahit Surabaya, lukisane bulu sing ukurane gedhe-gedhe rikala iku payu kabeh. Lan iku ngagetke seniman Surabaya apadene kritikus seni rupa. Ora mung merga payune, ning uga anane komentar-komentar miring kang nganggep lukisan wulune Cak Kandar kuwi dudu lukisan, ning kerajinan tangan.

Nanggapi bab iki garwane Bu Kartini kuwi tenang-tenang wae. “Terserah wong omong utawa komentar, sing penting berkarya iku aja omong thok. Wong omong ngono enak, sebab ora tandang gawe apa-apa. Yen berkarya kene lak weruh endi sing keliru endi sing ora bener,” jawabane klawan entheng.

Toh senajan dikritik entek-entekan, ning lukisan bulu iki akeh sing ditiru karo seniman liyane. Lan nalika lukisan bulu dadi “booming”, Cak Kandar malah wis ora gawe lukisan bulu maneh. Malah wis ganti nglukis kanthi gaya liya, ngangkat spirit lan filosofi Jawa lumantar lukisan wayang, sing dipamerake ing Jakarta kanthi irah-irahan “Spiritual Journey”. Durung suwe iki, dheweke mamerake lukisane sing obyek-obyeke luwih prasaja, arupa simbul-simbul.

ORA MANUT ISME-ISME

Ndeleng perjalanan lukisane Cak Kandar, akeh sing ngomentari yen ora konsisten menyang aliran lukisan.

“Aku iki ora nganut isme-isme aliran lukisan, sing tak anut aliran kebebasan. Terserah masyarakat sing mbiji, kanggoku sing penting berkarya lan lukisanku bisa ditampa dening masyarakat,” wangsulane.

Lukisane Cak Kandar sing standar kanthi ukuran 160 Cm x 140 Cm rata-rata regane Rp 60 yuta. Ana sing pesenan ukuran 2 M x 120 Cm regane nganti Rp 180 yuta. Deweke uga nampa pesenan lukisan manut karepe sing mesen. “Yen pesenan biasane luwih larang, ning aja nganggep lukisanku larang kabeh. Sing murah ya ana,” kandhane.

Cak Kandar kalebu seniman sing supel. Dheweke ora mung kumpul karo komunitase sesama seniman seni rupa wae, ning uga karo seniman-seniman liyane, ora perduli penyair, penari, lan uga dhalang! Ora nggumunake yen dheweke akrab banget karo dhalang Enthus saka Tegal, utawa Pak Manteb, lan Ki Esha Suharto, lan seniman liyane.

Ature: Endang Irowati/Widodo B
JB 43/LX, 25 Juni-1 Juli 2006

2 komentar: